GRIMIS ING TENGAH WENGI
riris ratri tumiba ing siti
tlethak tlethik
nambahi kekesing ati
angin sumilir gumerit
mbukak korining tyas
kang lagi turu
lagi ngimpi
riris saya seru
udan deres nyuntak bumi
ing ngendi bakal takluru
ing ngendi bakal dakdhadhagi
sih katresnaning sejati
ing ngendi paran kudu dakgoleki
kamulyaning dhiri
katentremaning ati
riris saya kerep ngundang warsa
tumiba ing siti
nggabyur ragamu
nggawe lumunturing sih katresnanmu
marang ragaku
kang tambah tuwa
tambah nelangsa
riris ratri mandheg tengah wengi
ganti wetuning kartika lan sitoresmi
nggawa warta
'sabarna atimu, elinga becik ketitik ala ketara'
gumregah ragaku tangi
mbukak korining ati
gumerit
sepi
0 Comments