rasane ana kang kari ing desa iki
apa sabak apa grip bibitku sekolah dhisik
apa golekan kayu kawitan paringane ibu
rasane ana darbekku kari ing desa iki
diwiwiti garitan grip salumahing sabak bungseng
nggambar aksara tembung lan ukara
nggambar angka angka
dhuh sapa ngira sapa ngira
aksara malih angka
angka bisa njilma dadi aksara
dakgambar dhokar kebabing montang manting
jaran larat mlumpat lumayu rikat
jaran kang njigar mbandhang nyongklang
mbedhal nglawan jiretan kendhali
dadi lukisan nyalawadi
lukisan kang nggegirisi ati
kasaput aris ngendikane bapakku blaka
' pantoge upaya ana ing pandonga'
ora ana liya saliyane pandonga
sumarah marang kang maha kwasa
dakucapna panyuwun slamet
dakjeritna panyuwun slamet
tembus bumi tembus ngakasa
padha sanalika si jaran kang larat
mandheg lan tumenga
aku lan ibumu tinemu slamet
rasane ana kang kari ing desa iki
trosobo dalan amba anjog desa kluthuk
tlatahku dhek cilik ajar sepedhah
jogedan antarane gamelan pelog lan slendro
bandulan nasak edhume godhong jambu pelem madu
playon guyon ngiteri plataran bawera
0 Comments