CRITA WAYAH WENGI
dakpecaki lurung lurung kuthamu
sing daktemokke ora liya papan papan iklan bisu
wong wong sing mlaku sacedhake mung ngelus dhadha
apa mengkone sapletik kekarepan bisa nuruti panjangka ?
sunar sunar lampu pating klecar mblerengi
nyeret angene saben pawongan kadhung nekani
ambyur ing ulengane wirama kutha, mengkone
bisa mentas apa ora temene angel dijereng wangsulane
angin sumilir silir saka saben arah
nyangking piwelinge ibu saka desa, ''anakku, kowe kudu ngerti kutha sejatine dudu swarga papan dununging kenikmatan edi, kutha ora luwih cangkeme buta wengis sing bakal mamah kowe lan soksapa wae''
secuwil rembulan sing kober mesem wengi iki
ora liya sasmita sing ngajak aku kudu enggal bali
menyang desa, menyang papan klairan sing kudu dirumat ayune
ketang mung kekancan karo watu- watu
0 Comments